Kamis, 10 November 2011

Sintaksis, Semantik, lan Pragmatik

Sampun dipun mangertosi bilih mbentenaken jinisipun pengetahuan satunggal kaliyan sanesipun, pitakenan ingkang saged dipunkajengaken inggih punika punapa ingkang dipunkaji kaliyan pengetahuan punika??? Punika etimologinipun. Kadospundi caranipun angsal pengetahuan punika??? punika epitemologinipun. Sarta kangge punapa pengetahuan punika dipunginakaken??? punika aksiologinipun. Aksiologi sintaksis, semantik, lan pragmatik punika sejatosipun kangge mangertosi lan mahami hakikat manungsa saking pengkajian isi mentalipun ingkang tercermin kaliyan pemahamanipun ngenani gejala dunia lan isinipun.


Sifat aksiologi punika wiyar sanget, dados perlu dipuntetepaken punapa ancas nyinaoni sintaksis, semantik, lan pragmatik? Ancas punika anggadhahi sesambetan kaliyan sinten ingkang nyinaoni. Minangka kita calon dwija basa jawi, ancasipun inggih punika supados kita saget nyinaoni sintaksis, semantik, lan pragmatik ingkang sae.

Unsur basa punika awujud tembung lan ukara. Sahingga saking nyinaoni sintaksis, semantik, lan pragmatik punika dwija saged ngandharake piwucalan kanthi sae lan trep kaliyan unsur sintaksis, semantik, lan pragmatikipun(dari segi kalimat, makna, dan penuturannya)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar